Translate

Kamis, 28 April 2011

Nasehat Begawan Kesawasidhi kepada Arjuna adalah sebagai berikut :

Nasehat Begawan Kesawasidhi kepada Arjuna adalah sebagai berikut :

oleh Soma Jenar pada 12 April 2010 jam 4:25


(didalam tanda “ … “ adalah kutipan wutuh dari buku tersebut dan tetap dipertahankan dalam bahasa Jawa sekalian untuk latihan bahasa Jawa bagi yang belum begitu paham bahasa Jawa) :

Siji = Setunggal (halus) = Eko (Sansekerta).

“ Laku hambeging kisma. Lire : tansah murah asih marang sapa bae kang nyuwun den murahi. Amarga kisma iku tansah ngatonake dedanane. Tanem tuwuh cecukulan minangka bogane sagung dumadi, ora liya saka wulu wetuning bantala. Sanadyan anggane pinulasara in janma, pinaculan dinudhukan, parandene kisma malah ngatonake kamurahane, mas sesotya pepelikan warna-warna dadya kaskayane kang mulasara. Mangkono hambeging kisma. “

Kisma (pdl/pedalangan) = bantala (pdl) = donya = bumi = bumi

Lindhu = gempa

Donya horeg = bumi bergetar


Loro = Kalih (halus) = Dwi (Sans).

“ Laku hambeging tirta. Lire : tindak anorraga, lumuh ngungkul-ungkuli, tan ngendhak gunaning liyan. Jer tirta iku tansah watak warata tur dayane anggung ngasrepi dadya usadaning kotoran. “

Tirta (pdl) = warih (pdl) = tonya (halus) = banyu = air

Tonya umub (halus) = air mendidih

Wedang = minuman


Telu = Tiga (halus) = Tri (Sans).

“ Laku hambeging samirana. Lire : tansah naliti sanggya sasana. Tumrap lelabuhaning Nata, tansah niti priksa marang kawula dasih, suker sakit kinawruhan sarana talaten atul. Jer lakuning samirana iku anggung nusupi sanggya sasana. “


Papat = Sekawan (halus) = Catur (Sans).

“ Laku hambeging samodra. Lire : jembar miwah sabar ing panggalih. Kamot momoting panggalih, kapanduking suka kingkin sasadone den adu manis, datan jujul datan surut lamun kataman ing sak serik sameng dumadi. Jer samodra iku sanyata angalangut tanpa tepi. Kajogan sarah prabatang miwah tirtaning narmada pira-pira, parandene orak sesak ora luber. “

Jaladri (pdl) = janawi (pdl) = samodra (halus) = laut = laut

Lima = Gangsal (halus) = Panca (Sans).

“ Laku hambeging candra. Lire : tansah madangi saindenging bawana. Tumrap lelabuhaning ratu, tansah mamardi pangawikan lan kagunan marang kawula dasih sarana wulanging dwija sogata samurwating dununge. Kutha desa sanadyan lengkehing wukir, sadrajat sapangkat padha sinungan pamardi putra. “

Candra (pdl) = (m)bulan = bulan.

(m)bulanipun ndadari = bulan purnama


Enem = Enem (halus) = Sad (Sans)

“ Laku hambeging baskara. Lire : tansah aweh daya kekiyatan marang sanggya gumelaring jagad. Segara nguwab dadi mendhung temah dadi udan, ora liya saka dayane raditya. Bumi mekar nuwuhke cecukulan, iya marga saka kedayan sunaring bagaskara. Tumrap lelabuhaning ratu, anggung paring kekiyatan marang kawula dasih. Nangkoda nara kisma nara karya kang kasekengan, padha antuk sihing ratu minangka pawitan. Sanadyan ing tembe kudu nyaur, nanging sarana sarenti sawuse ngundhuh wohing karya. “

Bagaskara (pdl) = baskara (pdl) = raditya (pdl) =

surya (halus) = srengenge = matahari

Srengenge mlethek = matahari terbit

Srengenge angslup = matahari terbenam


Pitu = Pitu (halus) = Sapta (Sans)

“ Laku hambeging dahana. Lire : angrampungi. Ora ana sawiji-wiji kang ora lebur dening dahana. Tumrap lelabuhaning Nata, pangawak pradata luhur. Sakabehing prakara kang konjuk ngarsa Nata, kudu rampung paripurna kang pinancas kanthi adil para marta. “

Dahana (pdl) = agni (pdl) = latu (halus) = geni = api

Geni mangalat-ngalat = api berkobar-kobar


Wolu = Wolu (halus) = Asta (Sans).

“ Laku hambeging kartika. Hambeg kartika, uga sinebut hambeg wukir. Lire : teguh santosa. Sanadyan sinerang maruta sindhung riwut, parandene bayu bajra malah piyak nganan ngering labet kasor prabawa lan adeging wukir. Tumrap lelabuhaning Nata, sabarang kang wus dhumawuh kudu tetep tumindak tan kena owah. “

Kartika (pdl) = lintang =bintang

Lintangipun abyor (halus) = bintangnya banyak berkelipan

Wukir (pdl) = arga (pdl) = gunung = gunung

Gunung njeblug = gunung meletus

Maruta (pdl) = bayu (pdl) = samirana (pdl) = angin = angin

Sindhung riwut (pdl) = angin ribut

Lesus = puting beliung

Angin semilir = angin sepoi-sepoi

(Catatan tambahan untuk hitungan basa Jawa :

Sanga = Sanga (halus) = Nawa (Sans).

Sepuluh = Sedasa (halus) = Dasa (Sans). )

Demikian menurut Ki Siswaharsoyo. Lakon carangan Wahyu Makutharama ini sangat digemari masyarakat dan sering di pagelar kan.

· · Bagikan · Hapus
    • Soma Jenar
      Dalam kisah Mahabarata, Hasto Broto merupakan wejangan atau petuah Begawan Kesowo Sidi kepada Arjuna, yang berisi delapan perbuatan (Hasto Broto) sebagai pegangan seorang pejabat kerajaan dalam memegang kepemimpinan. Wejangan diterima Arjun...a setelah menerima wahyu Sri Makutho Romo atau wahyu kepemimpinan. Dengan menganalogikan seseorang yang telah menerima SK (wahyu) menjadi pejabat maka menurut pendapat penulis, Hasto Broto ini dapat menjadi bahan referensi dalam memegang tapuk pimpinan. Ajaran ini mengandung makna apabila seseorang menjadi pemimpin, harus tanggap, tangguh, tanggungjawab dan dapat mengendalikan diri dalam menghadapi sesuatu permasalahan. Oleh karena itu sebagai pemimpin dapat bercermin kepada sifat-sifat alam, berikut:

      1. MATAHARI
      Pambekane satrio lan nalendro, nulato sang hyang suryo, ora ngemongake gawe pepadhang atine kawulo dasih, nanging kudu ono dhasar-dhasar wani anguripi, tetulung marang kang kacingkrangan, mbebantu marang kang karepotan, ngayomi marang kang karibetan, nuduhake dalan-dalan kang anjog marang kautaman, lan ora singlar saka adeg-adege kasucen.

      Arti bebas:
      Sifat dan watak seorang pemimpin berkacalah pada matahari, yang tidak saja membuat terang dan penyejuk hati rakyat, tetapi yang dilakukan harus ada landasan keberanian memberikan kehidupan, menolong kepada yang hidupnya serba kekurangan, membantu kepada orang yang menghadapi kesulitan, melindungi orang yang sedang dilanda masalah, dan memberikan petunjuk kepada jalan kebaikan tanpa mengabaikan dasar-dasar kebenaran.

      2. BULAN
      Rembulan iku pepadhang jroning ratri. Padhang jingglang maweh hawa adhem lan jinem, nanging ugo dadi cecoloking laku, dadi oboring lelakon. Mengkono mungguh salokane, poro satria lan nalendro, nulato marang lekase sang hyang condro. Ojo mriksani poro kawulo dasih amung sarana swasono kang padhang. Jroning peteng gagapono, endi sing marakake dadi pepeteng, sirnakno sarono sengseming roso adhedhasar gelem korban kang sepi ing pamrih. Yen tetelo mangkono, kang podho nompo parentah, nggone nggugu ora mandheg aneng nun inggih dhateng sendiko, nanging hanerusing batin, opo kang cinandhak kecakup, opo kang ditindakake biso rampung.

      Arti bebas:
      Bulan merupakan penerang di malam hari. Terang benderangnya memberikan suasana dingin dan tenang, yang menjadi penerang dalam perjalanan, dan menjadi obor dalam kehidupan. Begitu seharusnya seorang pemimpin, berkacalah pada sifatnya bulan. Jangan hanya melihat kondisi rakyat di saat suasananya sedang bahagia. Di saat rakyat dalam keadaan susah, pemimpin harus segera mendalami penyebab masalahnya, hilangkan masalah tersebut dengan rasa suka cita dengan landasan berkorban tanpa pamrih. Kalau demikian adanya, niscaya rakyat yang menerima perintah segera melaksanakan secara sukarela lahir batin.

      3. BINTANG
      Lintang dadi kekembanging ngantorikso. Mengkono mungguh satrio opo dene nalendro, tingkah laku muno muni, tandang tanduk, solah bowo, sarawung, kudu tetepo dadi kekembanging poro manungso. Mungguh dayaning kembang mau, biso pinundi, biso rinonce, biso kinaryo cecundhuk, nanging biso kinaryo pepasren. Dene mungguh paedahe poro satrio, ucape gampang digugu, prentahe gampang dituhoni, lumadining srawung bakal kajen keringan.

      Arti bebas:
      Bintang menjadi bunganya langit. Begitu pula seharusnya seorang pemimpin, tingkah laku, cara bicara, dan cara pergaulannya harus bisa menjadi bunga atau buah bibir setiap manusia. Kekuatan bunga itu bisa dirangkai dan bisa menjadi penghias. Demikian pula sebagai pejabat, setiap ucapannya mudah diterima dan diikuti, perintahnya mudah dilaksanakan, yang pada akhirnya akan dihormati dalam pergaulan.

      4. AWAN
      Mendhung iku duwe watak adil. Yen wis wancine tumiboning mendung dadi udan, ora mawas papan. Nadyan ngungkulono gunung, ngungkulono alas, kutho, lan praja, udan mesti tumibo. Mangkono dadi sanepane poro kang ngasto ambeg adil. Poro kang ngasto jejeging adil, ojo ndadak mawas sanak kadang pawong mitro. Sopo wae kang wajib nompo adil kudu diadili kang murwat adhedhasar ukum sarta nganggo lelandhesan pidana.

      Arti bebas:
      Awan memiliki sifat adil, artinya kalau sudah saatnya menjadi hujan, tidak pernah melihat tempat, baik di hutan, kota, dan lautan. Begitulah seharusnya seorang pejabat harus berwatak adil. Pada saat menerapkan keadilan, tidak melihat hubungan sanak saudara. Siapa yang harus diadili berdasarkan peraturan perundang-undangan yang berlaku.

      5. BUMI
      Bumi kuwi ambege lumuh kapotangan. Nadyan ketiban wiji jagung tukule yo jagung, yen wiji pari tukule yo pari. Lan bumi watake kamot lan momot. Tegese kamot dienciki opo wae, ora ngemongake manungso, sanadyan gunung ono nduwuring bumi, ora nate kapireng sesambate. Momot tegese biso madhahi sekalir ingkang kumelip. Mengkono panjenenganing nalendro opo dene satrio, kudu kerep ngrungokake sesambating poro kawulo dasih, ojo amung sarono mandheg awit saka nampa pradul, nanging luwih cetho lan trewoco yen to poro satria lan nalendro, nggone anggung midhangetake suarane kawulo dasih, sarana namur kawulo dadi biso cetho sarta gamblang, wekasan biso momot lan kamot.

      Arti bebas:
      Bumi sifatnya tidak merasa dihutangi, apa saja yang datang akan diterima dan tidak pernah menggerutu. Demikian halnya seorang pemimpin harus sering mendengarkan keluh kesahnya rakyat, dan jangan hanya mendengar lewat orang lain. Oleh karena itu agar memperoleh informasi secara jelas, harusnya pemimpin menyelidiki secara diam-diam dengan berperan sebagai rakyat biasa.

      6. API
      Geni duweni watak pambrasto, mbrasto sopo wae kang nyulayani angger-anggering bawono agung. Mengkono satrio lan nalendro, kudu wani amunah satru hangkoro murko memalaning jagad, kang bakal handhedher karusuhan, kang bakal gawe daredah, sarto kang tansah gawe onar ono jroning bebrayan.

      Arti bebas:
      Api memiliki sifat pemberangus. Sebagai pemimpin harus berani memberantas kejahatan, yang akan berbuat keonaran, dan kerusuhan, yang akan membuat huru hara, dan yang akan selalu mengancam kehidupan berbangsa dan bernegara.

      7. AIR
      Banyu iku gumelare dadi panguripan. Ing endi-endi papan ana banyu mesti ono panguripan. Senadyan pucuking gunung, senadyan tepining samodro, sanadyan papan ngenthak-enthak dadi bulak, nanging yen ing kono ono banyu, sayekti ono panguripan. Dene kang kasebut panguripan ing kene, ora ngemongake makhluk kang asifat manungso, kalebu uriping kutu-kutu walang atogo opo dene uriping sagung thethukulan. Lumadining poro satrio lan nalendro, kudu biso anguripi ing sadhengah marang sopo wae kang wajib diuripi.

      Arti bebas:
      Air itu menjadi pemberi kehidupan. Dimana ada air disitu pasti ada kehidupan. Walau di puncak gunung, di pesisir samudera, atau di rawa-rawa sekalipun kalau ada air pasti ada kehidupan. Yang dimaksud kehidupan tidak hanya untuk manusia, termasuk hewan dan tumbuhan. Oleh karena itu sebagai seorang pemimpin harus dapat memberikan kepada bawahan atau rakyat suatu jalan atau sarana atau "kehidupan" yang memang pantas untuk menerima.

      8. ANGIN
      Tegese biso manjing ajur ajer. Ingkang dikarepake biso manjing ajur-ajer mono, rehning cacahing poro kawulo mau kadapuk ono pirang pirang perangan. Yo ono kang adrajat brahmana, yo ono kang adrajat wesia lan sudro. Tetelu kang podho nglungguhi kastane dhewe-dhewe mau, poro nalendro yo satriyane, kudu biso mamet prono angenaki tyasing sasomo. Poro brahmana bakal anteng nggone amujo semedi yen kaayoman dening katentreman. Poro wesia bakal lumadi nggone nindakake pakaryan ing nangkudo yen to kaayoman dening katentreman. Mengkono ugo poro sudro bakal biso bungah-bungah rasane yen kaayoman dening katentreman.

      Arti bebas:
      Angin itu sifatnya bisa masuk kemana saja dan campur menjadi satu. Oleh karena adanya tingkatan status kehidupan masyarakat, maka sebagai seorang pemimpin harus dapat mengambil hati kepada siapapun tanpa kecuali. Mereka dalam menjalankan kegiatannya akan merasa terlindungi, terayomi, dan merasa tenteram lahir dan bathin.
      Lihat Selengkapnya
      20 April 2010 jam 3:43 ·

Tidak ada komentar:

Posting Komentar