Translate

Minggu, 26 Agustus 2012


Contoh Ikrar Syawalan Bahasa Jawa


Di tengah tradisi Syawalan yang erat di masyarakat, sering kita dihadapkan pada tugas menjadi wakil keluarga untuk membacakan ikrar di depan semua anggota trah. Tugas mendadak ini sering membuat kita pusing tujuh keliling, terlebih jika harus dalam Bahasa Jawa. Nah, untuk meringankan tugas sobat sekalian, berikut Blogger Boedhi & Ning berikan contoh ikrar Syawalan Bahasa Jawa.


Bismillahirohmaanirohiim,
Assalaamu’alaikum Warohmatulloohi Wabarokaatuh,

Alhamdulillahirobbil’alamiin, puja puji syukur sumongga kita konjukaken dhumateng Gusti Alloh Ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun paring rohmat, hidayah, lan inayah-Ipun saenggo kita saged ngleksanakaken Syawalan Trah Suryo Kromo kanthi wilujeng. Mugi-mugi hadicara puniko samangke saged kaleksanan kanthi sae, soho nambah raketipun kaluwarga ageng Trah Suryo Kromo . 

Ingkang kawulo hurmati, Para Sepuh, Pinisepuh Trah Eyang Suryo Kromo, Sanak Kadang Magersari, lan Kadang Werda Taruna ingkang kawulo tresnani,

Matur nuwun awit paring wekdalipun dhumateng kulo. Saderengipun kawulo nyuwun pangapunten cumantoko ngadek sak wentawis wonten ngerso jengandika sami, awit nuhoni dhawuhipun para kadang supados hamakili matur saking putra wayah kaluwarga ageng suwargi Eyang  Suryo Kromo .

Ingkang sepindah, karono puniko dinten Riyadi, putra wayah ngaturaken Sungkem Pangabekti dhumateng Pinisepuh sedaya.

Ingkang Kaping Kalih, karono wekdal puniko dinten ingkang sae, sedaya putra wayah ngaturaken sedaya kalepatan, sae ingkang kasengaja, punopo mboten kasengaja dhumateng Para Sesepuh, Pinisepuh, Sanak Kadang, Magersari, lan mitro ruwang sedayanipun. Mugi-,mugi kalepatanipun putro wayah saged kaparingan pangapunten awit saking pangestunipun Para Sesepuh sedaya.

Ingkang sak lajengipun, putro wayah sedaya nyuwun donga pangestu mugi-mugi angenipun lelumban wonten samudraning bebrayan pinaringan ayem tentrem, lajeng inkang taksih pasinaon pinaringono kelancaran, lan ingkang wonten puruk tinebihno ing rubedo.

Cekap semanten anggen kawulo matur. Mbok bilih wonten tumpangsuhipun, mboten puniko hangirangi subo sito hananging awit saking cublukipun pangertosan kawulo.

Akhiru kalam,
Wabillahi taufik wal hidayah
Wassalammu’alaikum Warohmatulloohi Wabarokhaatuh.

Demikian contoh ikrar Syawalan dalam Bahasa Jawa. Tentu masih banyak kekurangan dan ketidaksempurnaan dalam ikrar ini namun setidaknya sobat dapat menambahkan poin-poin penting serta tata bahasa yang lebih tepat. Semoga bermanfaat dan selamat bertugas.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar